Srawung iku wigati tumraping manungsa yekt. Sejatine srawung iku menehi ati lerem, ati jembar, kebak pamawas. Akeh manungsa kang ora bisa srawung amarga lingsem, dumeh, sombong lan liyane. Kebak pangarep-arep, menawa isih ana wong kang gelem srawung. Sarjoning srawung kudu gelem tepa slira marang liyan, ora kena dumeh.
Para pejabat ora kena dumeh, sing rakyat papa sudra uga ora kena sambat lan ngresula, apa maneh dumeh lan jumawah. Sing penting saiki, kang ningrat lan kang sudra padha cancut tali wanda, amemangun karyenaktyasing sasami.
Saiki wis dadi lumrahe yen manungsa kudu gelem srawung. Apa maneh "srawun" mring Gusti kang Maha Agung. Wong saiki mung ngegungake watak ugal-ugalan, ora predhuli marang liyan, wusanane ya anane mung padudon, ora predhuli, lan "egois".
Iki kang dadi dhudutane rembug lan sauger amung ngudarasa, maca kahanan saiki kang wus kumitir.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar