TEKS PIDATO BAHASA JAWA
Assalamu’alaikum wr.wb.
Nuwun kula nuwun
Mahardikeng tyas ring kamardhikan
Nugraha miwah sih wilasaning Gusti Ingkang Maha Wikan
Muga sanintyasa cumandha ing jiwangga kitha swagotra
Waradin sagunging dumadi
Niskala widodo satuhu
Para dewan juri ingkang satuhu kinurmatan
Dumateng para peserta patembayan ingkang kula tresnani
Sumangga ingkang sepisan kula panjenengan sedaya tansah ngaturaken syukur dumateng Allah SWT Gusti ingkang Maha Kuwaos, dene kula panjenengan sedaya tansah pinaringan kasarasan saha kawilujengan sumrambah sedayanipun.
Ing kalodhangan menika keparenga kula badhe matur babagan upados kangge nyegah wontenipun bena saha rob ing laladan Semarang. Perkawis menika minangka salah satunggaling sapta program pamarentah kitha Semarang samangke ingkang kedah dipunsengkuyung dening warga sakitha Semarang.
Kita sedaya asring miring tembung : Semarang kaline banjir, aja sumelang yen rak dipikir….Tembung saha tembang menika kados-kados jumbuh kaliyan kawontenan kitha Semarang samangke ingkang asring kenging rob saha bena. Rob saged ndadosaken kawontenan sarana umum risak. Kados to margi, peken, rel sepur, lan sanesipun.
Rob ingkang kedadosan wonten kitha Semarang amarga toya seganten. Dene bena menika kedadosan saking toya jawah ing asring sanget wonten Semarang. Semarang menika kawentar laladan ingkang asring kenging rob saha bena.
Jumbuh kaliyan Sapta Program pamarentah kitha Semarang samangke, pamarentah nggadhahi tekad supados angsal piala Adipura malih. Mila, sedaya warga Semarang kedah nyengkuyung wontenipun program menika. Mliginipun ing babagan karesikan, rob saha bena ingkang asring kedadosan.
Para rawuh ingkang kula urmati,
Kangge nyegah kedadosan bena umpaminipun saged dipuntindakaken normalisasi lepen. Ningali lepen-lepen ing laladan Semarang samangke kawontanipun kirang resik. Mila toya jawah boten saged mili kanthi lancer. Mila kedah dipunnormalisasi lepen.
Ing babagan rob, saged mawi nanem bakau kangge nyegah abrasi, margi boten kedah dipunaspal sedaya, nanging saged mawi paving kemawon. Supados toya jawah saged rumesep. Kajawi mekaten, saged ugi para siswa paring pangertosan dumateng warga babagan tata caranipun nyegah rob, bebaya bena lan sanesipun. Kanthi cara-cara mekaten, mugya kitha Semarang boten kenging rob saha bena malih.
Para rawuh,
Toya menika boten namung saged nuwuhake bebaya tumrap kita, nanging toya saged dados aset wisata ing kitha Semarang. Umpaminipun, wontenipun lepen-lepen menika menawi dipunresiki saged kangge sarana transportasi alternative kados ing negari manca. Samangke lepen-lepen ing Semarang taksih katingal reged, kathah larahan ing pundi kemawon.
Rob samangke taksih asring kedadosan ing Semarang, mliginipun ing Semarang ngandhap. Mila menawi dipuntingali, griya-griya ing Semarang ngandhap sansaya inggil. Griya inggil menika supados boten kenging rob ingkang asring kedadosan. Rob saged ngrisak sarana umum sanesipun. Sinaosa, ing Semarang badhe wonten wadhuk Jatibarang, nanging samangke dereng dados. Ancasipun wadhuk menika saged ngirangi toya ing Semarang. Amargi toya rob menika uga ngrisak wewangunan kina (Kawasan Kota Lama) ing Semarang. Gedhung-gedhung kina menika ambruk awit kenging rob. Samangke pamarentah taksih pados tata cara supados rob boten kedadosan malih.
Para rawuh,
Sepisan malih bab rob saha bena menika dados tanggel jawab kita sedaya minangka warga Semarang. Mila mangga nyengkuyung program Semarang bebas rob saha bebas bena menika. Kajawi mekaten, mangga minangka siswa kedah saged paring pangertosan dumateng warga ngengingi bebaya saka rob saja bena. Ugi tansah njagi karesikan lingkungan amrih sedayanipun gilar-gilar. Kangge mujudaken Semarang Setara kaliyan kitha metropolitan sanesipun.
Wusana, mekaten ingkang saged kula aturaken. Menawi kathah lepatipun atur saha kiranging subasita. Kula nyuwun agenging pangaksami.
Wonten tembang menika :….( TEMBANG PRAU LAYAR
Nuwun,
Wassalamu’alaikum wr.wb.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Mekaten ingkang saged kula aturaken. Mbok menawi kathat lepatipun atur kula saha kiranging suba sita tuwin tata karma, kula nyuwun agenging pangaksami.Nuwun.
Jaya wijayanti,
Tidak ada komentar:
Posting Komentar