Dina iki kebak pangarep-arep
bakal entuk sih wilasaning Gusti
Nadyan kala-kala ati tansah nandhang kuciwa
Kuciwaning manah, tanpa winates
Dhuh Gusti...
Apa iki kang arane dudu kaberkahan?
Tekan wengi,daksawang ayat-ayat iki,
ora mentala yen bakal kelingan saperangan kedadeyan ing jaman biyen
Wis kaladuk, kabeh dadi bubur.
Nanging Gusti...
Mugya kersa paring pangaksami dateng kula
atiku kebak pitakon, ing slea-selaning dina nganti tekaning
wengi kang mamring.
Isih ana kabegjan?Isih ana kamulyan kanggo awak iki?
Semarang,Nopember 2011
Sugeng Warsa Enggal 1 Muharram 1433 H/ 1 suro
Tidak ada komentar:
Posting Komentar