Senin, 15 April 2013
PUSI
Aja Lali
Sasi pasa kang rekasa,
Sambate kanca miwiti pasa
Apa baya pasa marakake rekasa?
Apa iya mung ngudarasa?
Sakjane pitakonan kebak wangsulan
Saka qur’an hadist lan liyane
Pasa iku dudu ngudarasa, ning nyuda rasa
Amrih bagya mulya wusanane
Satengahingw engi mamring,
Saur sinaur tumuju imsak wektune
Aja lali, niyat mring pangeran!
2. Udan sepisanan
Mendhung peteng dhedhet ing langit
Angin kekiteran nrajang gegodhongan
Keprungu swara gludhuk
Grimis sepisanan, sawise ketiga
Ketiga tan ana banyu
Ketiga tan ana mangsa
Kabeh salah mangsa
Udan sepisanan sore iki gawe mareming ati
Gawe pepadhang mring manungsa
Salawase ngarep-arep tekan mangsa udan
Kadang tani tansah gumregah anggon ngolah lemah
Ditanduri pari lan palawija
Ngareo tekane udan sepisanan,
Banjur lemah teles, kebak banyuk mblasah
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar