Senin, 15 April 2013

Celathu

sapa kang dadi mitramu?Iku mesthi pawongan kang duwe watak andhap asor. Mula yen kowe bakal duwe gegayuhan urip kepenak, kudu bisa ngepenakake awak. Ora mung mikir kepenake awake dhewe wae, nanging mikira kepenake liyan. Saiki akeh kang padha golek kamukten dhewe. Ora predhuli sanadyan kadhangkala nglarani atine liyan. Wus, prakara sing congkrah kudu bisa dadi rukun amrih lestarine lair tata batine. Ayo saiki njaga awak, njaga ati njaga sakabehane.
< santri >

PUSI

Aja Lali Sasi pasa kang rekasa, Sambate kanca miwiti pasa Apa baya pasa marakake rekasa? Apa iya mung ngudarasa? Sakjane pitakonan kebak wangsulan Saka qur’an hadist lan liyane Pasa iku dudu ngudarasa, ning nyuda rasa Amrih bagya mulya wusanane Satengahingw engi mamring, Saur sinaur tumuju imsak wektune Aja lali, niyat mring pangeran! 2. Udan sepisanan Mendhung peteng dhedhet ing langit Angin kekiteran nrajang gegodhongan Keprungu swara gludhuk Grimis sepisanan, sawise ketiga Ketiga tan ana banyu Ketiga tan ana mangsa Kabeh salah mangsa Udan sepisanan sore iki gawe mareming ati Gawe pepadhang mring manungsa Salawase ngarep-arep tekan mangsa udan Kadang tani tansah gumregah anggon ngolah lemah Ditanduri pari lan palawija Ngareo tekane udan sepisanan, Banjur lemah teles, kebak banyuk mblasah