Rabu, 11 Januari 2012

CERBUNG

Wis dakkira yen esuk iki, aku ora bakal telat mbelu kelas. Saka omah budhal jam setengah enem esuk. NIng, pancen menungsa amung sadherma tinitah, dumadakan dalan macet. Atiku wis ora karuan ing dalan. Aja-aja aku telat mlebu kelas, ora bisa ndherek pelajarane Pak Hendro guru IPS ing sekolahku.
Tenan, wis...tamat tenan...kojur aku telat. Bakal diseneni Pak Hendro yen telat. Nanging piye maneh, aku wis ngupakara amrih ora telat. Jam pitu luwih, aku nembe tekan gerbang sekolah. Swasana sepi, amung ana Satpam ing pos lan gerbang ditutup, dakkira iya digembok. Piye ya?Atiku takon. Kudu matur piye marang pak Hendro. Panjenengane mesthi duka. Aku mlebu ruang BP sedya nyuwun idin arupa surat katerangan telat.
"Kula nuwun bu. kepareng nyuwun surat idin telat." Aturku.
"Mangga, ana apa nang?Telat maneh? Pitakone Bu Yasmin guru BP.
"Ngaten bu, wau macet."Wangsulanku karo gemeteran lan ngos-ngosan.
...............sinambung sanes wekdal ............






Tidak ada komentar:

Posting Komentar