Selasa, 29 November 2011

KASUSASTRAAN

Tembang Macapat M. Wijotohardjo Dikumpulkan oleh : M. Wijotohardjo

I.  Tembang Macapat :

1.    M i j i l  : 

Dedalané guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah luhur wekasané
Tumungkula yèn dipun dukani
Bapang dèn simpangi
Ana catur mungkur

Sapa nora bisa nyimpen wadi
Aran genthong umos
Saben kisèn mesthi mijil kabèh
Nora wangwang nggènnya ngowar-awir
Sabarang pinanggih
Den wedhari gupruk.
(Nn)

2.    Mas Kumambang :

Lir kencana kumambang nginggiling warih
Warahing pameca
Kapacak jro kalawarti
Ingaran Sumber Semangat

Anèng ngriku na wewarah mumpangati
Wong keglundhung iku
Tan kesandhung watu gedhi
Séla lit kang dadi srana

( Ibu Sudjiati KMA)

3.   Kinanthi  :

Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan néndra
Kaprawiran dén kaèsthi
Pesunen sariranira
Cegahen dhahar lan guling

Dadiya lakunirèku
Cegah dhahar lawan guling
Lawan aja sukan sukan
Anganggowa sawetawis
Ala wataké wong suka
Nyuda prayitnaning batin

(Wulang Rèh – Sri Susuhunan Pakubuwana IV)

4.      Gambuh  :

Mbuh bener embuh luput
Kula nyekar kinarya lelipur
Amung nyebut jeneng kéwan sawetawis
Nging yèn wonten lepatipun
Ywa kongsi dados geguyon

Kucing alasan kuwuk
Lamun baya kadhal ingkang agung
Cempé wana lumrah ingaranan kancil
Pakné cempé jeneng wedhus
Mbahné precil jeneng bangkong

(Ki Wongso Taruno)

5.   S i n o m  :  

Becik beciking manungsa
Nora ana kang ngungkuli
Sujanma kang tansah wikan
Ing cacad dhiri pribadi
Tan darbé wigah wigih
Angakoni luputipun
Nanging celaning liyan
Lumuh lamun kinèn nuding
Dhestun malah dèn lingi kanthi caksana

Urip tentrem mawa béya
Kudu bisa anglakoni
Pakarti telung perkara
Sukur, sabar, rilèng ati
Sukur nalika tampi
Kanikmatan uripipun
Kaduga laku sabar
Jroning kataman bilahi
Rilèng ati ing pepacuhing Pangéran

(Ki Cekruk Truno)

6.   A s m a r a d a n a

Dudu wali dudu kyahi
Ngagem jubah sarwa séta
Nganglang jagad kulinané
Yèn mandheg aso sarira
Pados nggèn kathah toya
Mandhap, medhak suku wisuh
Nulya ngrahapi dhaharan

Sarirané panjang alit
Ciri bolong pirang-pirang
Kadya lèng kumbang tatuné
Yèn sinebul ing mbun-mbunan
Driji nutup bolongan
Keprungu suwara arum
Njalari ati kepranan

(Ki Wongso Taruno)

7.    D h a n d h a n g g u l a

Lamun sira dumadi prajurit
Angudiya sira anuladha
Duk ing nguni caritané
Andelira Sang Prabu
Sasrabahu ing Maèspati
Aran patih Suwanda
Lelabuhanipun
Kang dumunung tri prakara
Guna, kaya, purun ingkang dèn andhemi
Nuhoni trah utama

Liré lelabuhan tri prakawis
Guna bisa sanèkaning karya
Pinuji amrih unggulé
Kaya sayektinipun
Duk mbantu prang Magada nagri
Amboyong putri dhomas
Katur ratunipun
Puruné sampun tetéla
Aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji
Suwanda mati ngrana

(Tri Pama)

8.   P a n g k u r

Sinawang éndah ing warna
Sliwar-sliwer sajak angiwi iwi
Wiwit mijil saking biyung
Tumekaning diwasa
Wujudira molah-malih kaping telu
Nalika lit wiwit mlampah
Klemar-klemer nggegilani

Seneng manggon ing pojokan
Slira tipis sinawang katon pèni
Kalamun sampun dèn thuthuk
Lelana mrana mrana
Numpak sepur kapal miwah montor mabur
Menyang kutha lan padésan
Sinambi nggawa pawarti

(M. Wijotohardjo)

9.   D u r m a

Nora mundur arèk-arèk Surabaya
Mungsuh tentara Inggris
Najan ora timbang
Piranti lan gegaman
Parandéné nora gigrig
Umangsah yudha
Mbéla ibu pertiwi

Pating glimpang kahanané pra pahlawan
Sarira gudras getih
Sangu bandha nékad
Sarta kebak semangat
Gegaman mung bambu runcing
Kanthi pedhoman
Merdeka atau mati

(M. Wijotohardjo)

10.   M e g a t r u h

Bebantahan nora ana rampungipun
Yèn tan ngalah talah siji
Awit temuning panemu
Kang gèsèh angosok bali
Tangèh lamun bisa klakon

Pepathining wulang kebatinan iku
Tan ngluwihi saka ngati
Kang suci lan budi luhur
Sinirat jroning pakarti
Nggegulanga ulah batos

(Ki Sunarto Timur)

11..  P u c u n g

Ngèlmu iku kelakoné kanthi laku
Lekasé lawan kas
Tegesé kas nyantosani
Setya budya pangekesé dur angkara

Angkara gung ing angga anggung gumulung
Gegolonganira
Tri loka lekeré kongsi
Yèn dèn umbar ambabar dadi rubéda

(Wédhatama)


II.    Tembang Tengahan

1.   W i r a n g r o n g

Dèn samya marsudèng budi
Wiwéka dipun waspaos
Aja dumèh dumèh bisa muwus
Yèn tan pantes ugi
Sanajan mung sakecap
Yèn tan pantes prenahira

Kudu golèk masa ugi
Panggonan lamun miraos
Lawan aja agé sira muwus
Durungé dèn kèsthi
Aja agé kawedal
Yèn durung pantes lan rowang

(Wulangrèh)

2.   G i r i s a

Wus tinulis kanthi cetha
Jroning kitab Qur’an nyata
Dhawuh Allah Maha Mulya
Wong muslim sangalam donya
Padha nglakonana pasa
Kadya kang wus sun dhawuhna
Myang ummat sadurung sira
Dimèn dadi wong kang taqwa

Lamun sira nuju pasa
Kudu sengkud nambut karya
Ngayahi pangupa jiwa
Aja mung ketungkul néndra
Kejaba yèn lagi lara
Utawa lungan bebara
Lan wanita mangsa kala
Wenang pasa liya dina

(M. Wijotohardjo)

3.   B a l a b a k

Wulan siyam aku nyoba mèlu pasa, luwéné
Tangah awan durung olèh ngombé wédang, ngelaké
Wayah Magrib krungu azan nyruput kolak, segeré

Wektu buka mangan sega lawuh pindhang, énaké
Sholat tarwèh babarengan anèng langgar, khusuké
Tengah wengi mubeng patrol pating grombyang, swarané

Mulih patrol mangan saur mèpèt imsak, wektuné
Sholat Subuh terus mlungker anèng dipan, angleré
Wis jam sanga dinggo melèk durung kena, mripaté

Akhir wulan kabèh krasa padha longgar, clanané
Yèn ditimbang pancèn nyata dadi suda, boboté
Mung slameté ora nganti nganggo batal, pasané

(M. Wijotohardjo)

4.  J u r u d e m u n g                                                 

Paran marganing wong mulya
Kudu wani ing pakéwuh
Taberi lawan tuwajuh
Wani lapa cegah néndra
Lawan sumarah Hyang Agung
Samubarang kang tinampa
Pinudi amrih lestari

Para mudha marsudiya
Singkirana tindak dudu
Tuhu wasitaning sepuh
Mangka kanthi uripira
Yèn sira nedya anjunjung
Luhuring budayanira
Ywa kongsi sira nalisir

Keempat tembang tengahan diatas adalah tembang tengahan yang mirip dengan tembang macapat, terikat (kawengku) guru gatra, guru lagu dan guru wilangan. Disamping itu, masih ada tenbang tengahan yang lebih mirip tembang gedhé.

III.    Tembang dolanan.

1.  Ilir-ilir

Lir-ilir lir ilir
Tanduré wus ngelilir
Tak ijo royo-royo
Tak sengguh pengantèn anyar

Cah angon cah angon
Pènèkna blimbing kuwi
Lunyu lunyu pènèk2n
Kanggo masuh dodotira

Dodotira dodotira
Kemitir bedhah ing pinggir
Domana jlumatana
Kanggo séba mengko soré

Mumpung gedhé rembulané
Mumpung jembar kalangané
Suraka surak hiyoooo

2.   J a m u r a n

Jamuran ya gé gé thok
Jamur apa ya gé gé thok
Jamur gajih mrejijih sa-ara ara

Sira mbadhé jamur apa

3.   Montor montor cilik

Montor montor cilik sing nunggang mbleneg
Lungguh lenggut lenggut
Ngantuk sliyat sliyut
Mak grégah anèng kreteg

Ana grobag mandheg
Grobagé isi babi
Ambuné ra patèk wangi

Pak gedhé cungar cungir
Babiné jedhar jedhir
Montoré banjur mogok
Babiné senggrag senggrog

Grog grog grog grog
Krog krog grog krong krong groooog.

4.   J a r a n a n

Jaranan jaranan
Jarané jaran tèji
Sing numpak ndara bèi
Sing ngiring para mantri
Jèg jèg nong... jèg jèg gung
Jèg jèg nong ... jèg jèg gung

5.   Sir kulonan

Sir kulonan makemak makemaké ré té té
Tak oyaké.. yèn jecandhak dadi gawé
Dadi mesthi mati ...dadi mesthi mati
Tak bedhilé mimis wesi
Kong kong kong kong... kong
Kong kong kong kong ... kong

Tidak ada komentar:

Posting Komentar